GEGURITAN TEMA KATRESNAN (Cinta)

Hai readers..
Edisi kali ini saya akan menuliskan beberapa bait puisi jawa atau lebih dikenal dengan GEGURITAN. Menurutku, menulis geguritan jauh lebih susah dibanding puisi. Mungkin disebabkan karena kurangnya menguasai diksi Bahasa Jawa. Padahal sih, saya tinggal di Jawa Timur. Eh kagak ada yang tanya🐱.

Lanjut...
Berbicara mengenai sastra Jawa sudah menjadi sebuah kewajiban kita untuk terus mengembangkan seninya baik itu musik, tari, bahasa, adat, dan sebagainya. Jangan sampai kita terbuai oleh dunia yang kian dinamis. Intinya, seimbanglah. Apalagi jika bisa menunjukkan kebudayaan tradisional di kancah internasional. Wah... Sebuah kebanggaan tersendiri.

Lanjut...
Berikut contoh geguritan. Sila dibaca:

BUMI
Bumi anggone ngujar janji. Langit sing dadi seksi lan ati sing nglampahi. Jalaran wektune tan kena cedha abadi kaya saiki, apa bisa kita nglampahi ? Jenengnmu wis ngebaki donga ana tengah wengi. Angarep-arep ridhoning Gusti.

KEMBANG TALES
Kembang tales diarani pancal
 Anak nyambik diarani slira
Tresna iki ora bakal mokal
Senajan rika medhot asmara

NGENAM KEPANG
Mangsane ngenam kepang
Dhawuhe Pak Dhe, ngenam ikatan pring digawe kepang. Umpama dakganti ngenam tresna supaya dadi abadi, apa bisa ?
Dhawuhe Bu Dhe, "Kowe iku ibarat ngenam klasa"
Tiwas omong disamber wong liya.

TABUHANE NIYAGA
Tumetes udan gemricik slaras tabuhane niyaga. Katon apik disawang mata. Waranggana uga kembang gendhing miturut alure wayang. Sarwa runtut, agawe ati kepincut. Lamun bisa tresna iki manut piturut runtuting carita kasebut. Bakal daksambut sliramu ana jroning ati sing semrawut.

NARENDRA
Prabu Abiyasa ratu ing Ngastina
Prabu Janaka ratu ing Manthili
Iki tresna jalaran saka kulina
Mugi-mugi rasa iki abadi

REMBULAN WUS REMENG
Delengen, cumlorot rembulan wus remeng ngebaki kahanan.
Ing kulon, pedhut nglarapi cahyaning lintang
Sadurunge jangkrik bali menyang panggonan
Simpen apa sing disawang ana sesandhingan
Nadyan ngitung dina bakal kelangan
Amarga rika wus kadhisikan liyan

KALEGAN
Srebet sumilir angin anggawa katresnan
Dakdonga mring Sang Pencipta Kahanan
Mugi sliramu bakal kalegan
Masiya aku nandhang kaseksan

GINUBET
Kowe lan aku wus diukir ing angkasa. Paribasan toh-tohaning nyawa. Ridho wong tuwa ya wis tumeka. Enggal nuli ngencanakake rencana. Nanging, tresna anyar ngebaki jroning dhadha. Ginubet sansaya nyiksa. Tumekang janji anggawe cilaka. Ana rong ati ngumbar asmara. Sarwa apik ibarat rinengga cahya. Swarga ngendi bakal daktampa ?

KINTAKA TENGAH WENGI
Rikala dakbukak byak
Dudu kintaka jaman purba
Cumlorot rembulan ana cecarang wit randhu
Nggawe ati syahdu
Dakwaca katon tliti
Tetembung ing layar kaca
Ywa kaya aku, kowe datan kuwawa
Iki crita jalau nduwe margana
Tumuju kayun, kayune asmara
Rasa iki ngebaki, ngudara
O.. Rika nggurit yen kowe tresna
O.. Kintaka tengah wengi bakal kelingan nganti mati

JALADARA
Jaladara ngebaki cakrawala
Kaya-kaya kelangan sukma
Rikala kasetyan iku wus cidra
Kena apa aku taksih tresna ?

MEGA
Kaendahing mega pancen kasunyatan nyata. Sadurunge rembulan lumaku ing nduwur gunung. Dakguritake rasa ing sajroning atiku. Tumuju surub dakkarep tumekan sliramu. Agawe kamulyan abadi.

SUMILIR ANGIN
Sumilir angin miberake wangi kembang. Para kembang sarwa rebutan sambang. Mencok uga ana cecarang. Atiku tansah sumelang. Mikir rasaku sing taksih ngambang.

BALADA AL AWALU
Nalikane ketemu rika, aku ngrasa yen ing atiku ana syadz. Aku nyoba ntakhrij ngenani rika. Dakcoba mbukak micara. Ora nyangka jebule ittishal. Aku bingung, daktafsirake kareben datan lepat salahe, nakwil.
Wektu sansaya lumaku maju. Padha kaya rasaku, nanging rasa iki tresna apa amung kanca ? Apa amung rasa kagum marang sliramu ? Kasunyatan iki shalih apa maudhu ? Bakal daktunggu rika ngomong tresna menyang aku.

TUMUJU GUSTI
Tumuju Gusti Pencipta jagad sejati
Berkati kula nglampahi ujaran janji
Tetep setya mring tiyang ingkang dipunpilih ati
Supados saged urip ing swarga adi

TEMBUNG SAROJA
Kowe lan aku dudu sepasang tembung sing ditakdirake dadi saroja. Ananging, separo crita sing wis cidra sadurunge diwaca.

RENGKUH
Atiku wus ora kukuh. Banjur digumantang. Liyan sing direngkuh.

BEKU
Srengenge sansaya pepadhang gumantul ana carang. Nanging ora madhangake praupanku. Bumi sansaya panas. Nanging atimu taksih setya ngebeku.

JENDELA
Ing njero ruang iki wus takdirmu, ananging jendela ngendi sing kok bukak iku pilihanmu.

DALAN
Kowe wis dipilih karo dalan sing nyimpang kari ngendi sing miturutmu dalan paling nyaman.

TAMU
Lan aku omah, yen ana sing tumeka. Daktata supaya katon apik dreya. Yen ana sing tindak, dakbukak byak. Turahane amung tamu sing mampir terus lumaku. Yaiu sliramu.

TAMU RONG LARIK
Aja sering namu.
Yen kowe wegah rindu.

PANGIMPI
Ora ana pangimpi sing dhuwur
Yen usaha lan donga tansah sumabyur
Ora pernah ngenani tembung mundur.

Wah.. Agak pegel juga nulis segini banyak. Kalau mau copas sertakan sumber ya. Hehe. Tunggu konten selanjutnya. Eh btw, ini ada terjemahan dari puisi karya temen saya berinisial S. Terimakasih sudah mampir.

Komentar